Percakapan Bahasa Jawa (Pacelathon)

Percakapan Bahasa Jawa (Pacelathon)


1.     Pacelathon 1

      Pagawe Kalurahan   : “Kula nuwun.”

Andi                         : “Mangga.”

Pagawe Kalurahan   : “Dhik, apa bener iki daleme Pak Sarjono?”

Andi                         : “Leres Pak. Mangga pinarak rumiyin!”

Pagawe Kalurahan   : “Iya Dhik, nuwun. Bapak ana dalem dhik”

Andi                         : “Boten, Pak. Bapak tindak sabin, nuwun sewu Bapak punika sinten lan wonten kersa punapa madosi bapak?”

Pagawe Kalurahan   : “Ngene ya dhik, aku pagawe kalurahan. Jenengku Pak Sutrisna. Aku diutus pak lurah nemoni Pak Sarjono.”

Andi                         : “Nuwun sewu, Pak. Menawi kepareng ngertos punapa tujuwanipun Bapak madosi tiyang sepuh kula?”

Pagawe Kalurahan   : “Oleh, nanging adhik apa bisa daktitipi pesen kanggo Pak Sarjono?”

Andi                         : “Insya Allah saged Pak.”

Pagawe Kalurahan   : “Ngene ya dhik. Suk dina Selasa tanggal 26 April 2022 Pak Sarjono ditimbali pak lurah menyang kalurahan.”

Andi                         : “Jam pinten lan wonten punapa ta Pak?”

Pagawe Kalurahan   : “Jam 09.00. durung suwe Pak Sarjono rak tindak  kalurahan, nakokake kapan arep dianakake  transmigrasi. Nah, saiki wis ana kabar kang cetha.”

Andi                         : “Transmigrasi? Punapa ta Pak punika?”

Pagawe Kalurahan   : “Transmigrasi iku pindhahe pendhudhuk saka papan
sing wis kebak pendhudhuke menyang papan sing isih arang-arang.”

Andi                         : “Lho, punapa bapak kula badhe transmigrasi?”

Pagawe Kalurahan   : “Bisa iya bisa ora. Ngene bae, mengko yen bapakmu kondur matura yen aku mrene. Terus kaya pesenku mau suk Selasa ditunggu ing kalurahan. Aku pamit ya Dhik.”

Andi                         : “Inggih, mangke kula aturaken. Ndherekaken sugeng kondur.”

 

Dongeng Bahasa Jawa: Bulus lan Banyak

 Dongeng Bahasa Jawa

Bulus lan Banyak



Ing sawijining rawa ana bulus kang duwe kanca banyak lanang lan wadon kang abure dhuwur. Banyak iku saben dina ngalngi ngubengi rawa sinambi slulup golek pangan. Yen wis kesel banjur pepe ana dharatan kanthi ngebetake swiwine. Rampung pepe banjur nlusup grumbul sing lemahe garing. Ing kono kumpul karo bulus.

Bulus seneng banget duwe kanca banyak. Banyak seneng crita, kalebu crita anggone saba ing tlaga kang endah banget. Tlaga mau mapane ing pucuking gunung. Senajan adoh nanging banyune agung lan akeh pangane.

Ing sawijining dina mangsa ketiga teka. Rawa papane bulus mau asat. Banyak pamit marang bulus arep golek tlaga kanggo pindhah. Mesthi bae bulus kepengin melu nanging bingung anggone golek cara.

Ndilalah banyak nemokake akal. Bulus dikongkon nyokot kayu kang dawane cukupan. Kaya mau banjur disosor banyak ning bongkot lan pucuke. Bulus katut kegawa mabur.

Bulus lali yen diaburake, mula dheweke “pasang aksi” kanthi megal-megol, gulune dijengatake. Abure banyak nglewati dhuwure ara-ara. Ara-ara mau papan bocah angon ngumbar kewane. Bareng weruh ana bulus liwat ing dhuwur banjur diece kanthi dunekake yen sing mabur iku dudu bulus nanging tlethong garing. Krungu diarani tlethong bulus mau nesu, banjur ngangapake cangkeme. Mesthi bae panyokote mrucut lan nylorot tibaneng lemah dinggo rayahan bocah-bocah. Daging bulus diiris-iris banjur disate.

Kapethik saka: Dasa Carita Sato Kewan

Contoh Surat Bahasa Jawa : Layang kanggo kanca

 

Semarang, 25 April 2022

Kanggo kancaku Rini

Ing Salatiga

Salam kabagyan

Hai Rin, piye kabarmu? Muga-muga sehat. Semono uga aku ing Semarang uga sehat bae.

Rin niyatmu arep menyang Semarang saperlu arep dolan ing omahku, aku setuju. Nanging apa wong tuwamu marengake, lan apa kowe wis tau ngebis dhewe menyang Semarang? Yen manut aku sesuk bae preinan akhir taun aku dakdolan ing omahmu. Kebeneran bapak lan ibuku arep tilik simbah. Dadi ing kana aku lan kowe bisa ketemu. Piye yen ngono?

Dakkira cukup semene dhisik layang saka aku. Daktunggu maneh layangmu.

 

Kancamu

Ttd

Sarah




Cerita Wayang : Laire Bratasena

 

LAIRE BRATASENA



Werkudara satriya panenggak Pandhawa iku nalika lair ora lumrah. Laire awujud bungkus. Dadi bayine isih ana sajroning buntelan kulit. Bab kuwi ndadekake Prabu Pandhudewanata susah penggalihe. Bungkus mau banjur dibuwang ing alas. Nanging tetep urip lan tambah gedhe.

Prabu Pandhu utusan adhine kang aran Arya Yamawidura supaya nyuwun pituduh marang Begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa ngendikakake yen bayi ing jroning bungkus iku besuke bakal dadi senopati prawira. Arya Yamawidura banjur mampir menyang alas kanggo niliki kahanane bungkus.

Bathara Guru ing Kahyangan utusan Bathara Narada supaya ndherekake Dewi Uma menyang alas saperlu maringi sandhangan marang bayi amarga bayi wis meh luwar saka panandhang.

Ing papan liya Gajah Sena, sawijing gajah kang kepengin manunggal karo manungsa sing luhur budine lagi tapa. Panyuwune ditampa kanthi srana Gajah Sena kudu bisa ngruwat bungkus ing alas.

Ing alas Gajah Senangamuk. Bungkus diidak-idak, digadhing. Bungkus pecah. Bayi sing wis nganggo sandhangan tetep diidak-idak nanging malah tambah gedhe lan rosa. Gajah dicuwek nganggo kuku pancanaka banjur mati. Sukmane banjur mlebu ing awake sang jabang bayi.

Dening Bathara Narada bayi mau dijenengi Bratasena. Bratasena diaturake ing ngarsane Prabu Pandhudewanata.

Kapethik saka Buku Seneng Basa Jawa

 

Katrangan tembung

·        Penggalih        : ati (hati)

·        Luwar             : ucul (lepas)

·        Ngruwat         : ngilangi (menghilangkan)

·        Ngarsana        : ngarepe (hadapan)

·        Dicuwek         : dicubles (ditusuk)


DONGENG (Bahasa Jawa)

TIMUN MAS

       Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah. 

       Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.        

       Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.

       Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.

        Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.

        Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas. 

       Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.

        Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

        Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.

        Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh. 

       Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.

       Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.
       
       Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.