Percakapan Bahasa Jawa (Pacelathon)

Percakapan Bahasa Jawa (Pacelathon)


1.     Pacelathon 1

      Pagawe Kalurahan   : “Kula nuwun.”

Andi                         : “Mangga.”

Pagawe Kalurahan   : “Dhik, apa bener iki daleme Pak Sarjono?”

Andi                         : “Leres Pak. Mangga pinarak rumiyin!”

Pagawe Kalurahan   : “Iya Dhik, nuwun. Bapak ana dalem dhik”

Andi                         : “Boten, Pak. Bapak tindak sabin, nuwun sewu Bapak punika sinten lan wonten kersa punapa madosi bapak?”

Pagawe Kalurahan   : “Ngene ya dhik, aku pagawe kalurahan. Jenengku Pak Sutrisna. Aku diutus pak lurah nemoni Pak Sarjono.”

Andi                         : “Nuwun sewu, Pak. Menawi kepareng ngertos punapa tujuwanipun Bapak madosi tiyang sepuh kula?”

Pagawe Kalurahan   : “Oleh, nanging adhik apa bisa daktitipi pesen kanggo Pak Sarjono?”

Andi                         : “Insya Allah saged Pak.”

Pagawe Kalurahan   : “Ngene ya dhik. Suk dina Selasa tanggal 26 April 2022 Pak Sarjono ditimbali pak lurah menyang kalurahan.”

Andi                         : “Jam pinten lan wonten punapa ta Pak?”

Pagawe Kalurahan   : “Jam 09.00. durung suwe Pak Sarjono rak tindak  kalurahan, nakokake kapan arep dianakake  transmigrasi. Nah, saiki wis ana kabar kang cetha.”

Andi                         : “Transmigrasi? Punapa ta Pak punika?”

Pagawe Kalurahan   : “Transmigrasi iku pindhahe pendhudhuk saka papan
sing wis kebak pendhudhuke menyang papan sing isih arang-arang.”

Andi                         : “Lho, punapa bapak kula badhe transmigrasi?”

Pagawe Kalurahan   : “Bisa iya bisa ora. Ngene bae, mengko yen bapakmu kondur matura yen aku mrene. Terus kaya pesenku mau suk Selasa ditunggu ing kalurahan. Aku pamit ya Dhik.”

Andi                         : “Inggih, mangke kula aturaken. Ndherekaken sugeng kondur.”

 

2.     Pacelathon 2

     Sandi          : “Sugeng siyang, Pak Karyo!”

Pak Karyo  : “Sugeng Siyang.”

Sandi          : “Saged ngganggu sekedhap, Pak?”

Pak Karyo  : “Bisa. Ana apa Mas, awan-awan kok dolan mrene?”

Sandi          : “Ngaten, Pak. Punika rak wancinipun panen. Kados pundi asil panenipun Pak Karyo?”

Pak Karyo  : “Wah, ora pati apik, Mas.”

Sandi          : “Boten sae dos pundi?”

Pak Karyo  : “Asile iku ora kaya sing dakkarepake. Pangopenku wiwit  malih wiji ngolah lemah, ngoncori, ngrabuk, lan mbrantas ama wis manut aturan. Ning kok ya isih gawe gela asile.”

Sandi          : “Kirang kathah ngaten, Pak?”

Pak Karyo  : “Iya, sebab rega gabah wektu iki anjlog.”

Sandi          : “Wo, dados gelanipun boten amargi kirang sae panenipun?”

Pak Karyo  : “Iya. Ya kaya ngono kuwi, Mas. Wong tani kuwi yen tandurane apik, regane anjlog. Yen regane pas dhuwur, parine dipangan ama.”

Sandi          : “Lajeng kersanipun, Pak Karyo?”

Pak Karyo  : “Muga-muga pamarentah menggalihake nasibe kaum tani,  amrih tetanen ora ditinggalake.”


Komentar