Dongeng Bahasa Jawa: Bulus lan Banyak

 Dongeng Bahasa Jawa

Bulus lan Banyak



Ing sawijining rawa ana bulus kang duwe kanca banyak lanang lan wadon kang abure dhuwur. Banyak iku saben dina ngalngi ngubengi rawa sinambi slulup golek pangan. Yen wis kesel banjur pepe ana dharatan kanthi ngebetake swiwine. Rampung pepe banjur nlusup grumbul sing lemahe garing. Ing kono kumpul karo bulus.

Bulus seneng banget duwe kanca banyak. Banyak seneng crita, kalebu crita anggone saba ing tlaga kang endah banget. Tlaga mau mapane ing pucuking gunung. Senajan adoh nanging banyune agung lan akeh pangane.

Ing sawijining dina mangsa ketiga teka. Rawa papane bulus mau asat. Banyak pamit marang bulus arep golek tlaga kanggo pindhah. Mesthi bae bulus kepengin melu nanging bingung anggone golek cara.

Ndilalah banyak nemokake akal. Bulus dikongkon nyokot kayu kang dawane cukupan. Kaya mau banjur disosor banyak ning bongkot lan pucuke. Bulus katut kegawa mabur.

Bulus lali yen diaburake, mula dheweke “pasang aksi” kanthi megal-megol, gulune dijengatake. Abure banyak nglewati dhuwure ara-ara. Ara-ara mau papan bocah angon ngumbar kewane. Bareng weruh ana bulus liwat ing dhuwur banjur diece kanthi dunekake yen sing mabur iku dudu bulus nanging tlethong garing. Krungu diarani tlethong bulus mau nesu, banjur ngangapake cangkeme. Mesthi bae panyokote mrucut lan nylorot tibaneng lemah dinggo rayahan bocah-bocah. Daging bulus diiris-iris banjur disate.

Kapethik saka: Dasa Carita Sato Kewan

Komentar