Cerita Wayang : Laire Bratasena

 

LAIRE BRATASENA



Werkudara satriya panenggak Pandhawa iku nalika lair ora lumrah. Laire awujud bungkus. Dadi bayine isih ana sajroning buntelan kulit. Bab kuwi ndadekake Prabu Pandhudewanata susah penggalihe. Bungkus mau banjur dibuwang ing alas. Nanging tetep urip lan tambah gedhe.

Prabu Pandhu utusan adhine kang aran Arya Yamawidura supaya nyuwun pituduh marang Begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa ngendikakake yen bayi ing jroning bungkus iku besuke bakal dadi senopati prawira. Arya Yamawidura banjur mampir menyang alas kanggo niliki kahanane bungkus.

Bathara Guru ing Kahyangan utusan Bathara Narada supaya ndherekake Dewi Uma menyang alas saperlu maringi sandhangan marang bayi amarga bayi wis meh luwar saka panandhang.

Ing papan liya Gajah Sena, sawijing gajah kang kepengin manunggal karo manungsa sing luhur budine lagi tapa. Panyuwune ditampa kanthi srana Gajah Sena kudu bisa ngruwat bungkus ing alas.

Ing alas Gajah Senangamuk. Bungkus diidak-idak, digadhing. Bungkus pecah. Bayi sing wis nganggo sandhangan tetep diidak-idak nanging malah tambah gedhe lan rosa. Gajah dicuwek nganggo kuku pancanaka banjur mati. Sukmane banjur mlebu ing awake sang jabang bayi.

Dening Bathara Narada bayi mau dijenengi Bratasena. Bratasena diaturake ing ngarsane Prabu Pandhudewanata.

Kapethik saka Buku Seneng Basa Jawa

 

Katrangan tembung

·        Penggalih        : ati (hati)

·        Luwar             : ucul (lepas)

·        Ngruwat         : ngilangi (menghilangkan)

·        Ngarsana        : ngarepe (hadapan)

·        Dicuwek         : dicubles (ditusuk)


Komentar